Kamis, 02 November 2023

Lirik Lagu Pepeling (Sholat 5 wektu) Langgam Jawa

Pepeling
Ciptaan : Ki.H.Anom Suroto

Wis wancine tansah dielingke,
Wis wancine podo ninda’ake..
Adzan wus kumandhang,
wayahe sembahyang
Netepi wajib dawuhe pangeran..
Sholat dadi cagak ing agomo,
Limang wektu kudu tansah dijogo..
Kanti istiqomah lan sing tuma’ninah,
Luwih sampurno yen berjama’ah..
Subuh Luhur lan ‘Asar,
Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar..
Maghrib lan Isya’ jangkepe,
Prayogane ditambah sholat sunate..
Jo sembrono iku printah agomo,
Ngelingono neng ndonya mung sedelo..
Sabar lan tawakal pasrah sing kuoso,
Yen kepengin mbesok munggah suargo..
reff : kembali ke atas..wis wancine tansah…
Baca.....